Suhandayana
DALAN PADHANG
Donya akhirat dudu alamat telu
panggonan jembar sak jembar-jembare
Opo biso lungo lan yoo opo biso mulih?
Dadi, yen wayah lungo = mulih
wayah mulih = lungo
lha wong panggonane pancet wae
Sak dalan-dalan yoo mesti padhang
mongko ora ono kahanan sempit
kejobo mung keroso nyesek ing njero dhadha
kerono ora ngaweruhi saiki manggong ngendi
AKUNDAstudio, 11 September 2018